Lyrics: Eko Ompong
Music: Yohanes Fredy Harso
Ojo ngece karo wong ora duwe
Raja brana yen mati ora digawa
Bebasan urip mung mampir ngombe
Ngono kui jare pini sepuh kae
Ojo ngece karo wong ora duwe
Raja brana yen mati ora digawa
Bebasan urip mung mampir ngombe
Ngono kui jare pini sepuh kae
Yen numpak sepur asepe metu duwur
Tiwas ajur mumur yen awak ora diatur
Nek numpak motor asepe metu ngisor
Urip ning alam dunyo kudu sugih andhap ashor
Nek numpak becak asepe metu telak
Ojo guyu ngakak yen urip lagi kepenak
Nek numpak andong asepe metu bokong
Ojo plenggang-plenggong mengko mundak koyo grandong
Dadi wong ojo rumangsa bisa
Nang ingu wong sing bisa rumangsa
Wong sing becik simpen oke becikane
Ngono kui jarene simbahku dewe
Rujak nanas pantes diwadahi gelas
Tiwas adem panas sek digagas ora waras
Nek rujak dondong pantes diwadahi lodong
Ojo plenggang-plenggong mengko mundak koyo grandong
Nek rujak mayit lalapane rumah sakit
Bingung golek duit ngurusi barang kejepit
Nek rujak mayit lalapane rumah sakit
Bingung golek duit ngurusi barang kejepit
Dadio wong sing becik ojo do sirik
Opo-opo marai mangkel mengko malah koe dadi grundel
Tiwas ngalah malah podo ngeyel
Mulane koe manuto wong tuo
Ojo pisan-pisan koe neko-neko
Jaman sakiki sitik-sitik metu ragat
Uripe ora tentrem malah koe dadi njepat
Mulakno-mulakno rasah do ngeyel
Wong tuo le ngandani angel
Bola-bali bola-bali koe ngelarani ati
Wong tua muda diloro ati
Ngalor ngidul ngulon ngetan
Aku wis kenter raiso mikir
Kiwo.. kiwo.. kluwer.. kluwer..
Nek rujak mayit lalapane rumah sakit
Bingung golek duit ngurusi barang kejepit
Nek rujak mayit lalapane rumah sakit
Bingung golek duit ngurusi barang kejepit
Nek rujak mayit lalapane rumah sakit
Bingung golek duit ngurusi barang kejepit
Nek rujak mayit lalapane rumah sakit
Bingung golek duit ngurusi barang kejepit