Asmoro Lereng Lawu

Lyrics: Arya Galih Music: Arya Galih Endi janjimu sing ra arep ninggalke aku? Endi janjimu sing bakal setya satuhu? Duh, Nimas, tresnaku mung kanggo sliramu Kancanana nganti kukuting donya
Banyu kang tumetes nelesi bumi Nggawa rasa kang ngreranta ati Ngreranta… ati kang sepi
Adheme dalan iki kang dadi seksi Ing lerenging Lawu Nggonku nunggu pawartamu Duh, Kangmas.. Jejantunging atiku
Deresing banyu udan Nerak raga kang kasmaran Mega kang tumlawung Ngrasakne wong nandhang wuyung Wong Bagus, sira kembanging atiku Duh Sayangku, jejampining tresnaku
Endi janjimu sing ra arep ninggalke aku? Endi janjimu sing bakal setya satuhu? Duh, kangmas, tresnaku mung kanggo sliramu Kancanana nganti kukuting donya
Duh, Wong Manis, tresnaku iki mung siji Mung kanggo memanik ing ati Duh, Wong Manis, tresnaku ra bakal lalis Sumpahing ati, ra bakal mblenjani
Adheme dalan iki kang dadi seksi Ing lerenging Lawu Nggonku nunggu pawartamu Duh, Kangmas…. Jejantunging atiku
Deresing banyu udan Nerak raga kang kasmaran Mega kang tumlawung Ngrasakne wong nandhang wuyung Wong Bagus, sira kembanging atiku Duh Sayangku, jejampining tresnaku
Endi janjimu sing ra arep ninggalke aku? Endi janjimu sing bakal setya satuhu? Duh, kangmas, tresnaku mung kanggo sliramu Kancanana nganti kukuting donya
Duh, Wong Manis, tresnaku iki mung siji Mung kanggo memanik ing ati Duh, Wong Manis, tresnaku ra bakal lalis Sumpahing ati, ra bakal mblenjani Sumpahing ati, ra bakal mblenjani