Lyrics: Alan Kasaji Music: Alan Kasaji Padhange purnama ing wanci ratri ( Terangnya bulan di malam hari )
Rikala mbulan sumunar ndadari ( Dikala bulan bersinar penuh )
Kaya dene aku nyawang endahe pasuryanmu ( Seperti halnya aku melihat indahnya parasmu )
Kang tansah gawe padhang atiku ( Yang selalu menerangi hatiku )
Ora kerasa pun tiba wancine ( Tak terasa telah tiba waktunya )
Urip bebrayan , sak omah karo kowe ( Hidup bersama , satu rumah denganmu )
Kadang ana pacoban sing ora weruh kahanan ( Terkadang ada cobaan yang tak melihat keadaan )
Kuwi lumrahe wong bebojoan ( Itu wajar dalam menjalani rumah tangga )
Bungah lan susah dilampahi ( Bahagia dan duka dijalani )
Kanthi tulus lan welas asih ( Dengan tulus dan penuh kasih sayang )
Maturnuwun kowe wis gemati ( Terimakasih kau sudah menjaga hati )
Yo mung kowe jejantunge ati ( Hanya engkau jantung hatiku )
Kancanono, kancanen uripku iki ( Temanilah, temani hidupku ini )
Aja lunga , nganti tekane pepesthi ( Jangan pergi, hingga takdir yang memisahkan )
Aja sumelang, katresnanku ora bakal ilang ( Jangan khawatir, cintaku tak akan hilang )
Kancanen aku nulis crito kasmaran ( Temanilah aku menulis kisah asmara )
Coda:
Ndika wong ayu ( Engkau cantikku )
Sigarane nyawaku ( Separuh hidupku )