Lyrics: Cak Diqin Music: Cak Diqin Biyen mulo sliramu wis tak aturi Golek bojo sing tresno welas sejati Pungkasane sliramu digawe loro Ora wurung saikine dadi rondho
Nanging piye kabeh iki wis kebacut Ibarat bubur ra bakal dadi sego Mulo getunku iki tanpo upomo Ngerti ngono lamaranmu sing tak tompo
Kabeh iki ora perlu digetuni Janjiku biyen aku saguh ngenteni
Kowe lan aku mugo dadi jodone Ra keno prawane tak enteni randane
Ora nyono sampeyan sabar ngenteni Ing nyatane tresnomu tulus lan suci Sing tak suwun sing gede pangapurane Andhum tresno bebojoan selawase