Lyrics: Helarius Daru Indrajaya
Music: Muhammad Sholihul Abdillah
Duh, abote kahanane uripku
Kudu nandhang lara
Dipandang sesisih mata
Yen takdire kudu dikuat-kuatke
Aku mung wong sepele
Kudu kuat batine
Kadhang pingin ngeluh nalika kentekan eluh
Kodrate manungsa iku pancen beda-beda
Dhedhel-dhuwel ati nampa kasunyatan iki
Kudu tak tambani kanggo njalani uripku iki
Jujur, sedih uripku kaya mengkene
Sugih-waras durung tau tak rasakke
Urip dhewe, tresna ra ana sing nggape
Kudu sabar mung dianggep wong sepele
Mlaku we kadhang kesandhung
Ora ana sing nulung
Tangise ning ati ra isa tak bendung
Yen takdire kudu dikuat-kuatke
Aku mung wong sepele
Kudu kuat atine
Kadhang pingin ngeluh nalika kentekan eluh
Kodrate manungsa iku pancen beda-beda
Dhedhel-dhuwel ati nampa kasunyatan iki
Kudu tak tambani kanggo njalani uripku iki
Jujur, sedih uripku kaya mengkene
Sugih-waras durung tau tak rasakke
Urip dhewe, tresna ra ana sing nggape
Kudu sabar mung dianggep wong sepele
Mlaku we kadhang kesandhung
Ora ana sing nulung
Tangise ning ati ra isa tak bendung
Mlaku we kadhang kesandhung
Ora ana sing nulung
Tangise ning ati ra isa tak bendung
Aku pancen wong sepele
Nanging, bakal tak buktekke
Dadi uwong aja seneng nyepelekke