Pujaningsih

Lyrics: Agus Basuki Music: Waridzul Aziz Purwakane pagut netra trus andulu Nadyan datan andangu Nanging wus tumekeng kalbu Mbabar pajar pindha slaka binabar
Sepisan anjawat kang asta Kaya kaya wus antuk swarga Apa iya iki tresna Tresna kang sanyata
Temah agawe kunjana papa Lunging gadhung hangayun ayun
Dhuh sang mustikaning asmara Sun kayungyun mring handika Yen jawata ngelilanana Bakal dak pundhut krama
Mugo kasembadan Dak jongko srono Manembah mring sang hyangwidi Mugio peparing margi Margi kang waluya jati Duh duh aduh sang mustikaning asmara
Dak mulyake pindha prameswari Mbalung janur dadya usada kang sayekti