Lyrics: Agung Wahyudi/Latief Sandy Permana/Muhammad Bagus Prakoso
Music: Agung Wahyudi/Latief Sandy Permana/Muhammad Bagus Prakoso
Bebasan nunggu mangsa rendeng
Anggongku le ngenteni kowe
Wes ono sesasi genep dino iki
Mas yen pancen tresnaku iki
Mbok anggep ra ono gunane
Aku ra kuciwo lan aku ra loro
Dek lungaku ra teges cidro
Aku lagi pengen mikir kerjo
Tak jaluk kowe ojo kelara-lara
Dek tresnaku mung siji kowe
Langit bumi kang dadi seksine
Yen neng ati ra ono wanito liyo
Kowe rasah sok mutusi
Aku ra neng endi-endi
Aku lunga amung golek rejeki
Pangapurane awakku ra tau nyanding sliramu
Mergo tuntutan kerjoku nganti ora nduwe wektu
Wektu kanggo ngancani nganti tekan saiki
Kowe kudu ngerti lungaku golek rejeki
Dongakno lakuku ngayahi kewajibanku
Senajan abot kanggomu nanging kuatno atimu
Wes dadi kahanan aku lunga adoh paran
Ora bakal kegoda karo wedokan liyan
Ojo kelara-lara lungaku ra teges cidro
Opo meneh nganti mikir aku wes ora tresna
Yo mung kowe sing tansah ono neng njero dada
Ra ono trensna liyo mergo aku tansah setia
Kudu percoyo tresnaku iki mung siji kowe
Wani sumpah mati neng ati ra ono liyane
Janjiku tak buktekke ora mung ono lambe
Tunggunen baliku bebrayan tekane sak lawase
Anggonku ngabari yo mung lewat whatsapp-an
Kadang sinyal angel marai dadi penghalang
Neng yo kudu sabar, ora usah nggo nesunan
Mergo trensa kui mestina akeh pacoban
Sing tak jaluk kowe ojo nganti ilang rasa
Senajan aku kerep gawe gelo lan kuciwo
Jembarno atimu sak jembare laut samudra
Kowe kudu ngerti yen aku iki cah kerjo
Mas yen pancen kuwi karepmu
Aku yo mung tansah bisa nunggu
Tak kuatne atiku tanpo sliramu
Mas nadyan kowe lungo kerjo
Sing tak jaluk kowe tetep setia
Ojo nganti kegudha wanita liya
Sabaro aku yo mung cah kerjo